Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Mugiya kawilujengan lan kasarasan saking ngarsa dalem
Gusti Alloh tansah rumentah kajiwa kasalira dhumateng kula lan panjenengan
sami. Aamiin.
Ibu Kepala Sekolah ingkang dhahat kinormatan,
Bapak, Ibu Guru saha karyawan-karyawati ..........
ingkang pantes kacaosan raos ing
pakurmatan.
Rencang-rencang kelas 12 ingkang kula tresnani.
Nuwun sewu keparenga, kula wonten ing mriki supados
ndherekaken lampahipun titilaksana Perpisahan Kelas 12 ............. ingkang
mapan wonten aula.............
Namung saderengipun kula nglajengaken atur kula sumangga
kula lan panjenengan sami ngaturaken puji syukur dhateng ngarsa dalem Gusti
Alloh ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha hidayah, ing
satemah kula panjenengan sami saged makempal wonten mriki kanthi kebak ing
kawilujengan.
Ing
salajengipun keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning titilaksana ingkang
badhe kalampah.
Ingkang sepisan Pambuka
Angka kalih talanging
atur saking kelas 10, 11
Kaping tiga talanging
atur saking kelas 12
Kaping sekawan pambagya
saking ibu kepala sekolah
Kaping gangsal pentas
seni
Ingkang pungkasan Panutup
Sumangga kita lumebet titilaksana ingkang sepisan inggih
menika Pambuka, sumangga kanthi
wosan basmalah kula dherekaken “ Bismillahirrohmanirrohimi “
Kalajengaken titilaksana angka kalih
inggih menika :
talanging atur saking kelas 10,
11, dhateng
panjenenganipun ......................kasumanggakaken.
Mekaten titilaksana angka kalih sampun paripurna,
ngaturaken gunging panuwun dhateng .......................
Lumebet Titilaksana ingkang angka tiga inggih menika: talanging atur saking kelas 12
dhateng penjenenganipun ...................kasumanggakaken.
Mekaten titilaksana angka tiga sampun paripurna,
ngaturaken gunging panuwun dhateng .......................
Titilaksana kaping sekawan pambagya saking ibu kepala sekolah, dhumateng panjenenganipun ibu ................................kasumanggakaken.
Mekaten menggah wedharing atur saking panjenenganipun
..............................., ingkang menika ngaturaken gunging panuwun.
Sumangga dipunlajengaken titilaksana kaping gangsal
inggih punika pentas seni.
Sagung
para lenggah, menapa dene wasana sampun lumampah kanthi rancak, sumangga kantun
titilaksana pungkasan inggih menika Panutup.
Mangga pepanggihan menika lajeng dipun tutup kanthi waosan hamdalah kula dherekaken “ Alhamdulillahirrobbil ‘alamin”
Semanten lan mekaten anggen kula ndherekaken runtuting
titilaksana menika , kathah lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar